Sabtu, 11 Februari 2017

Geguritan hewan b.jawa

MENTHOK

Kewan kang akeh diingoni manungso
Kowe seneng diangon ing sawah
Kowe urip bebarengan
Kowe seneng mlayu-mlayu
Ing kandhang kowe putih resik
Nyenengno ati sing nyawang

Yen kowe metu
Wes ora ayu kaya mbiyen
Kowe adus lumpur
Wes ora seelok mbiyen
Apa wae dadi pangananmu
Wes ora seanggun mbiyen

Ana sing gedhe, ana sing cilik
Ananging nduweni isi
Menehi daging dipangan
Menehi endhok kangge sarapan
Menehi rejeki kangge wong kang ngingi kowe
Matur suwun....

Menthok.....
Kowe iso urip ing pundi wae
Ing rawa, sawah, kali, lan danau
Kowe iso mabur ing pundi wae
Wulumu kuat kangge mabur ing angkasa
Senadyan ora iso kaya manuk liya
Ananging kowe tetep nengsemake ati

Menthok.....
Suaramu endah
Suaramu kaya ula
Ananging yen ana musuh nyedhak
Suaramu dadi banter kangge waspada
Kangge jaga keluarga

Menthok.....
Kowe kewan kangg endah
Ananging ora setia
Kowe ninggalake pasanganmu
Senadyan kaya ngono...
Manfaatmu akeh
Nggawe seneng kabeh wong kang ngingu kowe

Tidak ada komentar:

Posting Komentar